Khutbah MERAWAT KEMERDEKAAN

 




الْحَمْدُ للهِ، وَالصَّ لَاةُ وَالَّس لَامُ عَلََى سَيدَِنَا مُحََمَّ دٍ رَسُوْلِ اللهِ، وَعَلََى آِلهِ وَصَحِْبهِ وَمَنْ وَاَلَاهُ ، وأشهَدُ أنْ ل َّا إلهَ إِل َّا اللهُ وحْدهُ لَا ش َريكَ لهُ، وأشهدُ أَنَّ  سيدََنَا محَمَّ دًا عبْدهُ ورسوْلهُ، لَا نبيَّ  بعْدهُ، 
َأمَّ َّا بعْدُ، فَإِني أوْصِيْكُمْ وََنفْسِيْ بتقْوََى اللهِ الْقَاِئلِ في مُحْكَمِ كَِتاِبهِ: لقَدْ كَانَ لسََبإٍ فِِي مَسْكَِنهِمْ آَيةٌ جَََّنَ تانِ عَنْ  يمِينٍ وَشِمَالٍ، كُلُُوا مِنْ رِزْقِ رََِب كُمْ وَاشْكُرُُوا لهُ، بلْدَةٌ طََِيَ بةٌ وَرََبٌّ  غَفُورٌ )سورة سبأ: ٥١
 
Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah, 

Ngawali khutbah ing saat meniko, kulo washiat dateng pribadi kulo kiambak, lumeber dateng panjenengan sedoyo, monggo tansah ningkataken iman lan takwa kito dateng ngersane Alloh Ta’ala wonten ing pundi panggenan lan setiap wekdal. Mugi kanthi meniko kito kagolongaken tiang ingkang angsal ridlonipun Alloh. Aamiin.  

Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah, 

Sekedap maleh, kito bade meringeti HUT Kemerdekaan Republik Indonesia ingkang kaping 75 . Njih, 17 Agustus mbenjing kito bade ngrayaaken kemerdekaan ingkang sampun kito raih lan kito lampai selama 75 tahun. 
Kemerdekaan Indonesia mboten sebab peparinge sinten-sinten, mboten sebab hadiah, ugi mboten sebab bantuan saking negari lintu. Nanging Kemerdekaan ingkang dipun raih deneng bangsa niki murni rahmatipun Allah ingkang diikhtiari kanthi perjuangan ugi pengorbanan nyowo lan bondo saking poro sesepuh kito. Leres sanget nopo ingkang dipun nyataaken wonten ing pembukaan UUD 1945 bilih “kemerdekaan bangsa Indonesia adalah atas berkat rahmat Allah Yang Maha Kuasa”. Poro pahlawan lan pejuang kemerdekaanlah ingkang sampun mengerahkan daya upaya lan ikhtiar, lan Allahlah ingkang nentuaken lan maringi kemenangan. Allah meniko ingkang dadosaken nopo kemawon, ingkang ngersaaken nopo kemawon, ugi ingkang maringi kanugrahan 
Rahmat arupi Kemerdekaan dateng kito sedoyo. 
 
وَهَزَمَ الْأَحْزَابَ وَحْدَهُ
  
“Allah piambak ingkang ngalahaken sedoyo musuh” 
 
 
 
Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah, 

Kemerdekaan meniko minongko rahmat saking Alloh lan dados nikmat tumrap kito sedoyo. Menawi kito terus bersyukur atas nikmat kemerdekaan lan nikmat-nikmat Allah lintune, mongko Allah bakal nambahi nikmat-nikmat-Ipun. 
لئنْ شكرتمْ لأزيدَن كمْ ولئنْ كفرتمْ إنَّ  عذابِي لشدِيدٌ.
 (سورة إبراهيم: ٧)
“Saktemene nalikane siro gelem syukur, mongko yekti Aku bakal nambah nikmat marang siro kabeh. Tapi nalikane siro kufur nikmat, mongko azab-Ku  abot banget larane.” (QS Ibrahim: 7) 

Mensyukuri nikmat meniko kanti mboten ginaaken nikmat ingkang sampun diparingaken wonten ing kemaksiatan. Kito syukuri nikmat kemerdekaan meniko kanthi kito nglampahi pinten-pinten kesaenan lan ugi sae kalian tiang lintu. Kito syukuri kanthi nglaksanaaken sedoyo kewajiban lan nebihi sedoyo awisanipun Allah. Kito lampahi tugas lan kewajiban kito sebagai bapak, ibu, anak, sebagai suami, istri, sebagai guru, murid, sebagai pejabat, rakyat, sebagai tiang ingkang srawung kaleh tonggo, sebagai tiang ingkang hidup bermasyarakat lan berdampingan kalian umat agami lintu. Menawi saben-saben tiang mangertosi, mahami lan nindaaken nopo ingkang dados tugas lan kewajibanipun ingkang sakmestine, mongko negoro meniko tansah aman lan sentosa.  

Hadirin jama’ah shalat jum’at yang berbahagia, 

Nikmat kemerdekaan meniko dados lawang ingkang bikak pinten-pinten nikmat-nikmat lintune. Kanthi nikmat kemerdekaan, kito saget ngraosaken nikmatipun ibadah, nikmatipun belajar lan mengajar, nikmatipun kempal kaleh sederek seagama, maupun sedrek sebangsa lan setanah air. Lan kanthi nikmat kemerdekaan, kito saget mbangun negeri kanthi sareng-sareng. Kanthi menikolah, kito rawat lan lestarikan nikmat kemerdekaan niki kanti sak sae-saene. Ampun ngantos nikmat agung niki ucul saking kito.  
Kados pundi caranipun ngrawat lan nglestariaken?. Inggih meniko kanthi terus mbangun lan ndandosi negeri niki. Kito milai kanthi mbangun lan ndandosi diri lan keluarga kito. Lajeng lumeber dateng masyarakat. Ibarat bangunan, mongko Indonesia kadadosaken saking pinten-pinten batu-bata lan komponenkomponen lintunipun. Kito lan keluarga kito meniko salah satu saking batu-bata negeri niki. Menawi sedoyo batu-bata lan komponen lintune sae lan kiat, mongko bangunan negeri niki tentu kiat. Sakwangsule, menawi enten setunggal mawon ingkang rapuh, mongko saget dadosaken rusakipun bangunan negeri meniko.  

Hadirin yang mudah-mudahan dimuliakan Allah, 

Negeri niki mboten namung arupi wilayah geografis, geh niku tanah, toyo lan udara kemawon. Nanging lebih saking meniko, negeri niki ugi mencakup menungso ingkang dados penduduk negeri, ingkang dados ketergantungan sae nopo awone nasib negeri niki. Milo saking meniko, kito utamaaken mbangun menungsone rumiyen daripada mbangun lintune. Keranten sendi lan soko utamanipun saking bangunan negeri niki mboten sanes inggih meniko akhlak karimah. Inggih meniko paham lan haluan ingkang moderat. Sami ugi ing bidang politik, ekonomi, pendidikan lan lintu-lintune, terutami paham, pandangan lan haluan ingkang moderat ing urusan agami.  
 
Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah, 

Islam merintahaken dateng kito supados berpaham moderat (wasathiyyah), mboten ghuluww (nglewati wates ingkang sampun digarisaken Islam) lan mbotem taqshir (sembrono hinggo mboten ngantos nderek ketentuan ingkang sampun digarisaken Islam), mboten ekstrem tengen ugi mboten ekstrem kiri. Paham keagamaan ingkang moderat inggih puniko paham ingkang dipun ajaraken lan dipun sampeaken deneng poro ‘Ulama Ahlussunnah wal jama’ah lan diyakini deneng mayoritas umat Islam saking masa ke masa. Paham menikolah ingkang kedah kito junjung tinggi menawi kito kepingin mbangun negeri niki. Keranten fakta sejarah mbuktiaken bilih pemikiran lan paham ingkang ghuluww, taqshir lan ekstrem sampun memporak-porandakan lan meluluh lantakkan pintenpinten negara. Contohipun ing masa sakmeniko inggih niku Irak, Suriah, Afghanistan lan lintu-lintune. Ampun ngantos Indonesia kados dene Irak utawi Suriah. Paham takfir syumuli (ngafiraken dateng sedoyo tiang ingkang mbooten sepaham), paham pengkafiran dateng pemerintah ingkang mboten berhukum kanthi hukum Islam lan nuduh kanthi sebutan thaghut, paham khilafah ala Hizbut Tahrir, paham pengkafiran lan pemusyrikan dateng poro pelaku tabarruk, tawassul, peringatan maulid Nabi lan ziarah makam poro nabi lan wali, sedoyo niku ingakang nyebabaken hancuripun sendi-sendi kehidupan berbangsa lan bernegara ing pinten-pinten belahan dunia. Hal meniko ugi nyebabaken icale  kemerdekaan saking katah tiang. Akibat paham-paham ekstrem kolowau, katah tiang mboten saget maleh nikmati kebebasan lan kemerdekaan. Langkunglangkung, menawi paham lan pemikiran ekstrem kolowau diwujudaken kalian aksi-aksi pengeboman, perusakan fasilitas umum lan pembunuhan ugi penyembelihan tiang-tiang ingkanng dianggep musyrik lan kafir menggah piambake.  

Hadirin jama’ah shalat Jum’at rahimakumullah, 

Menawi kito cinta negeri niki, cinta tanah air niki, monggo kito buktiaken cinta niku. Kito bangun lan dandosi negeri ini kanthi dados pribadi-pribadi ingkang sholih. Inggih niku pribadi-pribadi ingkang berilmu, beramal lan gadah cita2 tinggi kangge mbangun negeri. Pribadi-pribadi ingkang shalih bade ngelahiraken keluarga-keluarga ingkang sholih. Lan keluarga-keluarga ingkang sholih bade mujudaken masyarakat ingkang sholih. Dados kesholihan individu bade mujudaken kesholihan sosial. Kesholihan sosial bade dadosaken negeri niki aman, sentosa lan sejahtera. Ugi sedoyo bentuk kejahatan bade terputus. Lan setunggal maleh, ampun waleh-waleh ngampanyeaken paham-paham Ahlussunnah ingkang moderat lan rahmatan lil ‘alamin. Paham moderatlah ingkang saget dadosaken Indonesia sebagai baldatun thayyibatun wa Rabbun Ghafur. 
Dirgahayu Republik Indonesia yang ke-75. Sareng2, kito dadosaken Indonesia lebih maju. Mudah-mudahan para pahlawan yang telah berjuang untuk Islam lan Indonesia di bumi nusantara yang telah gugur mendahului kito memperoleh 
 balasan pahala yang berlipat ganda dari Allah ta’ala. Aamiin

أقُولُ قَوِْليْ,  هذََا وَََأ سَْتغْفِرُ اللهَ ليْ وََلكُمْ، فَاستغْفِروْهُ، إِن ﷲ هُوَ الغَفورُ الرَّ حيْمُ. 
 
 

الْحَمْدُ للهِ وكَفَى، وَأصَِِّلِيْ وَأسَِِّلِمُ عَلَى سيدنَا مُحََمَّ دٍ الْمصطَفَى، وعَلَى آلهِ وَأصْحَابهِ أهْلِ الوَفَا، 
  َأم َّا بعْدُ، فيَا أَي هَا الْمسْلِمونَ، أوصيْكمْ ونفسِيْ بتقوَى اللهِ الْعَلِيِِّ الْعَظِيْمِ وَاعْلَمُوْْا أَنَّ  اللهَ أمَرَكُمْ بأَمْرٍ عَظِيْمٍ، أمرَكُمْ بالَّص لَاةِ وَالَّس لَامِ عَلَى نبيهِ الْكَريْمِ فقَالَ: إِنَّ   اللهَ ومَلَاِئكَتهُ ي ُ َصَُّلُّونَ عَلَى الَِّنِ بِيِ ، يَا أَي هَا اَّل ذِينَ آمنُوا َصَُّلُّ ُّوا عَلَيْهِ وََسَلِ مُُوا تسْلِيمًًا، اَلل هُُمَّ  صَلِِّ عَلََى سَِِّيدَِنَا مُحََمَّ دٍ وَعََلََى آلِ سَِِّيدَِنَا مُحَ َمَّدٍ كََمَا َصَلَّ يْتَ عَلََى سَِِّيدَِنَا إبْرَاهِيْمَ وَعَلََى آلِ سيدَِنَا إبْرَاهِيْمَ وََبارِكْ عَلََى سَِِّيدَِنَا مُحََمَّ دٍ وَعَلََى آلِ سَِِّيدَِنَا مُحَ مَّدٍ كَمََا بارَكْتَ عَلََى سَِِّيدَِنَا إبْرَاهِيْمَ وَعَلََى آلِ سَِِّيدَِنَا إبْرَاهِيْمَ، فِيْ الْعَاَلمِيْنَ إَِّن كَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. اَلل هُُمَّ  اغْفِرْ للْمُسِْلِمِيْنَ وَالْمُسِْلِمَاتِ والْمُؤْمِِنيْنَ وَالْمُؤْمَِناتِ الْأَحَْياءِ مِنْهُمْ وَالْأَمْوَاتِ ،اللهم ادْفَعْ عَََّن َّا الَْبلَاءَّ وَالْغَلَاءَّ وَالْوََباءَّ وَالْفَحْشَاءَّ وَالْمُنْكَرَ وَالَْبغْيَ َوَالسُُّ يوْفَ الْمُخَْتِلفَةَ َوَالشَّ دَاِئدَ وَالْمِحَنَ، مََا ظَهَرَ مِْنْهََا وَمََا بطَنَ، مِنْ بلَدَِنَا هَذََا خََاصَّ ةً وَمِنْ بلْدَانِ الْمُسْلِمِيْنَ َعَامَّ ةً، إَِّن كَ عَلَى كُلِِّ شَيءٍ قَديْرٌ 
عَِبادَ اللهِ،  إنَّ اللهَ يأْمُرُ بالْعَدْلِ وَالْإحْسَانِ وَِإيَْتاءِ ذِي الْقُرَْبَى وَينْهََى عَنِ الفَحْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ وَالَبغْيِ ،يعِظُكُمْ ل َعَلَّكُمْ تذََّكَّ رُوْنَ. فَاذكُرُُوا اللهَ الْعَظِيْمَ يذْكُرْكُمْ وََلذِكْرُ اللهِ أكَْبرُ. 

Cloud Hosting IndonesiaPHP Dev Cloud HostingAffiliate Banner Unlimited Hosting IndonesiaUnlimited Hosting WordPress Developer Persona

Posting Komentar

semoga bermanfaat

Lebih baru Lebih lama